Rabu, 04 Mei 2016

RAMAYANA

Sahabat Budaya kali ini saya memposting artikel tentang ramayana yang di rangkum dari Buku Kawruh Basa Jawa oleh "Roki Andri Setyawan" teman saya. Semoga artikel ini bermanfaat untuk teman2 semua. Artikel ini memakai bahasa jawa supaya teman2 semua juga belajar bahasa jawa.

1.      Serat Ramayana
      Serat Ramayana punika dipunanggit dening “Walmiki” saking India rikala kawitaning Masehi. Kasusastra menika ugi lajeng tumut kabekta mlebet dhateng Nuswantara ing wiwitaning abad Masehi. Bab menika adhedasar wontenipun prasasti ingkang penanggih wonten ing Kraton Kutai ing Kalimantan Wetan, ingkang sampun ngginaaken aksara Palawa ingkang miturut wangun sarta jinisipun asal aking taun 400, utawi abad 5 Masehi. Dene basanipun mawi basa Sansekerta saking India. Kejawi menika wonten gatek, bilih cariyos Ramayan kalihan Mahabarata menika sampun mratah ing tanah India. Saderengipun agama Hindu lair.
      Perangipun serat Ramayana kepareng dados 7 jilid utawi “kandha” ingkang dumadi arupi syair gunggungipun wonten 24000 cloka. Kanthi ringkes 7 kandha kala wau ngandharaken lampahing cariyos Ramayana ingkang kaaturaken kados ing ngandhap menika.
a.       Bala Kandha
Nyariosaken nagari Kosala, kuthanagaranipun Ayodya, ingkang jumeneng nata Dasarata ingkang gadhah garwa cacah tiga. Tetiganipun asmanipun mawi Dewi, inggih menika :
1). Dewi Kausalya, patutan Rama (ingkang sepuh piyambak).
2). Dewi Keikeyi, patutan Bharata.
3). Dewi Sumitra, patutan kalih inggih punika Laksmana kaliyan Satrugna.
Wonten ing sayembara ing nagari Wideha/Mantilidirja, Rama kasembadan mboyong Sinta putinipun Janaka, ingkang lajeng dados garwanipun.
b.      Ayodyakandha
Prabu Dasarata rumaos sampun sepuh, pramila badhe masrahke keprabon dhumateng Rama. Kocapa Dewi Keikeyi, ngemutaken dhateng Dasarata ingkang rumiyin nyagahi janji wonten werni kalih prakawis. Janji sepisan netepaken ingkang badhe ngantos sarta maringaken keprabon dhateng Bharata. Dene janji angka kalih, Rama kedhah kabucal dhateng wana laminipun ngantos 14 taun. Prabu Dasarata sanget sekel ing panggalih jalaran rumaos boten saged uwal saking janji punika wau. Tampi kawontenan ingkang mekaten wau Rama iklas ngeculake hak keprabonipun lan sagah kesah dhateng wana ngantos 14 taun laminipun. Rama sekaliyan garwanipun, Dewi Sinta, kanthi dipundherekake Laksmana, lajeng bidhal kesah saking nagari Ayodya tumujudhateng wana. Ananging Bharata boten purun dipunjumenengaken nata, malah lajeng kesah madosi Rama, mbujuk supados Rama jumeneng nata Ayodya. Ananging Rama netepi kekencengaanipun.

c.       Aranya Kandha
Kacariyos wonten wana asring mbiyantu para mertapa ingkang tansah dipunganggu para dewa. Satunggaling wekdal, Rama dipunremeni raseksi nama Sarpakenaka. Semanten ugi dhumateng Laksmana. Laksmana kamigilan boten purun. Satemah raseksi Sarpakenaka menika dening Laksamana dipunpotong grananipun ngantos gruwung. Sarpakenaka lajeng wradul dhumateng kakangipun, Prabu Rahwana, ugi nyariosaken endahing warninipun Dewi Sinta. Dasamuka sanget duka, tumuli ndhatengi panggenanipun Rama, kanthi niyat nyidra Dewi Sinta. Kala marica, abdinipun Dasamuka malih dados kijang kencana. Dewi Sinta sanget keprana lajeng nyuwun dhumateng Rama. Kanyatan kidang boten lulut malah nggodha supados Rama sangsaya tebih saking Dewi Sinta. Pramila Laksamana dipunpurih nusul Rama. Saderengipun nilar, Laksamana damel rajah ingkang ngupengi Sinta kanthi wineling supados boten medal saking kupengan. Sareng Rama lan Laksmana wangsul dhateng palereman, tetla Sinta sampun boten wonten, kanthi raos sedhih lan bingung satriya kekaloh enggal enggal madosi tapak tilasipun. Wonten salebeting lampah Rama lan Laksmana kepanggih kaliyan peksi jathayu ingkang nyariosaken bilih Sinta dipunbekta mabur Rahwana. Sasampunipun peksi Jathayu rampung ngaturi palpuran, peksi Jathayu lajeng pejah. Saderengipun pejah peksi Jathayu ngaturaken supenipun Sinta dhumateng Rama. Minangka bukti.

d.      Kiskindha Kandha
Rama pinanggih kaliyan Sugriwa, ratuning nagari Kiskindha, ingkang karaton dalah prameswari Dewi Tara dipunrebut dening sadherekipun piyambak namanipun Subali. Rama ing wekdal punika sekuthon kaliyan Sugriwa, inggih punika Rma sagah mbiyantu Sugriwa mangsulake prameswari dene Sugriwa mbiyantu Rama mangsulake Dewi Sinta saking nagari Langka. Sanalika nagari Kiskindha dipunkuwaosi Walin pejah dening jemparinganipun. Sugriwa dados nata nagari Kiskindha. Wadyabala wanara, prajurit Sugriwa bidal dhateng nagarai Langka, dumugi pesisir seganten ingkang misahake Langka saking dharatan India. Wadyabala sami kandheg, pados akal kadospundi anggenipun badhe nyebrang seganten.  

e.       Sundara Kandha
Haoman, wanara kapitadosanipun Sugriwa, anak Bathara Guru ingkang dipun-gulawenthah Bathara Bayu sigra minggah redi Mahendra. Mlumpat nyebrang seganten dumugi Langka. Saindhenging Langka dipunjlajahi, ngantos aged mlebet kadhatoning Rawana. Anoman wonten ngarsanipun Sinta mratelake bilih Rama boten dangu methuk. Anoman kadenganan serta lajen dipuntawan kaliyan wadyabalaning Langka. Ananging Anoman boten kobong, malah mlumpat malih dhateng sanginggiling kraton kanthi buntutipun ingkang mawa latu dipunobat-abitke ingkang njalari kitha Alengka kebasmen. Salajengipun Anoman wangsul sowan Prabu Rama saperlu unjuk palapuran,manggihaken sadaya lelampahanipun ingkang sampun manggihaken Dewi Sinta.

f.       Yudha Kandha
Kanthi pitulungan Dewa Seganten, wadyabala damel kreteg tumuju dhateng Langka. Bilih nagaranipun kaancm mengsah lajeng damel beteng. Rayinipun, Wibisana mrayogekaken supados Sinta dipunwangsulken malih duhmateng Rama. Wibisana lajeng nggabung suwita dhumateng Rama. Paprangan antawisipun wadyabala Alengka rame sanget. Sasampunipun Indrajit,putranipun Rahwana. Sarta Kumbakarna gugur, Rahwana piyambak lajeng majeng palagan. Satemah Rahwana dipunpejahi lan paprangan paripurna. Wibisana dipunjumenengaken nata Langka ingkang lajeng dipun-gantos Singgela. Dene Sinta wangsul dhateng Rama. Namung Rama boten purun nampi wangsulipun Sinta. Sinta sedhih sanget,lajeng dhawuh damel “unggun” minangka bukti kasucenan. Lajengipun kasucenan Sinta saged dibuktekake. Ananging minangka prameswari kasucenipun kedah dipunbuktekake sangjenging bebrayan agung. Rama,Sinta lan Laksmana wangsul mulih dhateng Ayodya. Sadaya dipuntampi masrahke keprabon dhumateng Rama.



g.      Uttara Kandha
Serat menika ingkang separengan boten wonten sesambetanipun kaliyan riwayatipun Rama. Ananging isinipun kapara radi  cengkah kaliyan pungkasaning cariyos ing kandha 6, ing inggil. Pramila wonten panginten bilih Uttara Kandha 7 punika mujudaken cariyos tambahan. Kacariyos lampahanipun Sinta dumugi ing padhepokaan “Walmiki” ingkang lajeng nggubah riwayat Sinta kalawau dados “wiracarita Ramayana”. Wonten padhepokan Sinta nglairake putra kembar. Naminipun Kusya lan Lawa. Nalika Rama ngawontenaken upacara “Achwamedha” Kusya lan Lawa ugi sowan dhateng kedhaton kaliyan Sinta. Dumigi kedhaton Sinta sumpah “mugi raganipun boten dipuntambi bumi, saumpami piyambakipun boten suci”. Sanalika bumi belah, “Bathara Pertiwi”, lenggaah dhampar kencana ingkang dipunsunggi sawer sawer naga. Sinta dipunrangku;lajeng dipubekta mlebet bumi. Rama jalaran getun sanget  boten saged pinanggih malih kaliyan garwanipun, pramila Rama lajeng masrahke keprabon ingkang sakawit nagari Ayodya gantos nama nagari Pancawati, dhumateng putranipun kekalih, dene piyambakipun wangsul dhateng kahyangan dados Dewa Wisnu.
 sumber:

Sutardjo, Imam, 2015, Kawruh Basa Saha Kasusastran Jawi, Surakarta: bukutuju.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar